bendhu alfandiv

Senin, 17 Oktober 2011

cerkak KHAMIT DADI DHEMIT


Uwis dadi kebiasaan yen wayah wengi ing desaku akeh bocah-bocah enom-noman padha tongkrong ing ngarep omahku. Kepriye ora dadi papan tongkrongan, lha omahku kajaba ana warunge uga papane ngepasi ing prapatan dalan gedhe utawa dalan sik uwis diaspal. Sasate saben wayah bengi omahku rame banget bocah-bocah padha tongkrong, gitaran, nyanyi-nyani rakaruan genahe, ananging malah dadi marakke kahanan ning desaku ora nyenyet. Kajaba yen wayah wengi lagi udan deres mesti dadi ora ana cah tongkrong. Kadhang yen ana cewek utawa randha blanja menyang warungku malah sok dibeda, nanging ya wong sik dibeda iku ora banjur nesu amarga wis kadung ngerti kebiasaane cah-cah sik tongkrong. Ora langka uga omahku banjur dadi markase bocah-bocah yen padha mendem.

Ing sawijining wengi, kaya biasane bocah-bocah lagi padha tongkrong lan gegitaran ora nyangka ora ngira ana bocah lanang mlaku glendhah-glendheh saka arah lor menyang warungku. “Ealah, mas Khamit pulang kampung iki.” Ngono kuwi sambutane Agus bala kurawane bocah mau kui. Banjur Khamit njawab “Haa ki, lagi wae nyampe omah.” Khamit iki asline bocah lairan desaku, amarga bapak lan simboke lunga mrantau menyang Sumatra kana bocah kui gelem ora gelem banjur melu wong tuane mrantau. Dhek mbiyen Khamit iki cedhak banget karo Agus, kajaba sekolahe bareng mrono-mrene uga dolane bareng. Wis limang tahun kepungkur Khamit sakluarga mrantau.

Sakbanjure Khamit melu lelungguhan utawa tongkrong karo bocah-bocah mau. Ning kono dheke cerita menawa dheke mulih iku amarga ning lemah Sumatra  kana lagi dioyak-oyak wong tuane pacare. “Lha knapa kowe nganti dioyak-oyak?” takone Agus marang bocah kuwi.
“Pacarku jebul wis telat patang sasi.” Jawabe Agus sinambi nyekeli sirahe. Jebulna Khamit kuwi mulih menyang lemah Jawa amarga mlayu ngindhari saka kluarga pacare ing lemah sebrang kana. Wengi sansaya peteng, banjur saka siji bocah-bocah sik tongkrong mau mruthuli bali menyang omahe dhewe-dhewe. Uga warungku wus sepi banjur ditutup.

Dina sakbanjure Khamit lan Agus tongkrong maneh ing warungku. Wengi iku Khamit nduweni gagasan “Gus mendem njo, wis sui ora karo kowe.”Agus nyawut omongane bocah kui “Wah, ngejak reunian mbiyen iki? Yo ayo siap!” Ora suwe bocah loro kui mangkat kulakkan. Amarga Khamit lagi wae mulih kampung, sangune saka kana isih turah akeh. Bocah iku pengen tuku omben-omben sik rada larang. Tekan nggone sik gawe kulakan kuwi, awak lagi kurang beja apa nasibe ora apik malah ora ana omben-omben sik dikarepke. Kepeksa tuku sik murah yaiku merk tiga huruf  “ciu”.

Sakbalike kulakan omben-omben mau digelar karo ngejak bocah-bocah sik padha tongkrong. Wedang mau banjur diombe bareng-bareng nganti entek. Sakwise entek, kebeneran dina iku lagi ana acara dangdutan ing desa sebelah bocah-bocah banjur menyang nonton dangdutan mau. Tekan kana, langsung wae banjur padha jejogedan. Sik jejogedan rakaruhan genahe amarga kena pengaruh “ciu” mau. Eladalah, bocah-bocah mau malah pada jotos-jotosan dhewe. Acara dangdutan kapeksa banjur dibubarke karo panitia amarga pada jotos-jotosan. Amarga Khamit paling parah mabuke, dheke digeret karo panitia dikira sik dadi penyebabe dadi padha rusuh. Bocah-bocah sakelompok marani Khamit terus dijak mulih. Ing kahanan kurang sadar, Khamit ngepit motor mlakune ora karuhan genahe megas-megos kaya lakuning ula, wis ngono buantere ora memper. Pancen lagi dina apese bocah kuwi, ning dalang bocah kuwi tabrakan karo wong liya ya uga ngepit motor. Parah banget, nganti motore ajur mumur. Pas iku Khamit boncengan Karo Agus, parah banget sirahe Khamit mili getih banjur digawa ning rumah sakit. Agus uga sikil tengene tugel balunge. Durung nganti tekan rumah sakit, Khamit wis ora ambegan. Iku tandhane Khamit wis ora ana banjur diwenehke ning rumah sakit wae. Esuke Khamit digawa balik menyang omah arep dikubur, Agus isih nginep ng rumah sakit. Parah banget Khamit, sirahe pecah nganti-nganti pas uwis di buntel mori getihe isih mili wae.

Sesasi  kepungkur kadadiyan iku kalakon, Agus wis mulih saka rumah sakit anangin durung bisa mlaku tanpa teken. Kaya biasane bocah-bocah padha tongkrong ngarep warungku isih padha ngomongke kadadeyan tabrakan Khamit dhek sesasi kepungkur. Angin wengi iku atis banget, lagi seneng-senenge omong-omongan kaya srengeng-srengeng suara Khamit melu guyon gegojekan. Bocah-bocah banjur pada kaget kaya-kaya Khamit sik uwis mati melu ing tongkrongan iku. Ora suwe banjur ambune getih sik mili saka sirahe Khamit uga kaambu. Mrinding kabeh rasane awake wektu wengi iku. Banjur ora suwe bocah-bocah sik ngrasake hawa mau bubar mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Ora kesuwen langsung wae warungku tak tutup.

Wengi sakbanjure gilirane Agus sik ditiliki arwahe Khamit, wengi kira-kira jam sepuluhan omahe Agus di thuthuk-thuthuk lawang ngarep sajak kaya ana wong arep mertamu. Ora suwe banjur lawange dibukak karo bapake Agus. Nganti metu ngomah nolah-noleh ngiwa-nengen bapake Agus ora weruh wong banjur ditutup maneh lawange. Ngono kuwi kaulang kaping telu. Sakwise kaping 3 banjur ambu getih semribit mlebu ng omahe Agus. Bapake lan Agus banjur kaget kelingan yen iku ambune padha karo ambu getih sik mili saka sirahe Khamit, langsung wae padha makprinding sakawak. Agus banjur ngomong “Mit, yen kowe arep tilik mreneyo. Aku durung pulih iki, jare dokter mengkone mlakune aku ora bisa jejeg maneh. Aku lan kanca-kanca wis lilo yen kowe mulih dhisik. Muga-muga wae kowe tentrem ning alam kana.” Ora suwe ambune banjur saya pudar.

Wiwit kadadeyan iku para bocah-bocah percaya yen Khamit isih gentayangan. Dadi ana becike uga, wiwit kadadeyan iku bocah-bocah wis padha saya susut olehe padha mendem. Lan uga yen mendem banjur ora dolanan pit motor. Saya suwe saya ayem tentrem uripe ing desaku sanadyan ana generasi peneruse sik isih pada mendem ananging ora parah banget.

TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar