Uwis
dadi kebiasaan yen wayah wengi ing desaku akeh bocah-bocah enom-noman padha
tongkrong ing ngarep omahku. Kepriye ora dadi papan tongkrongan, lha omahku
kajaba ana warunge uga papane ngepasi ing prapatan dalan gedhe utawa dalan sik
uwis diaspal. Sasate saben wayah bengi omahku rame banget bocah-bocah padha
tongkrong, gitaran, nyanyi-nyani rakaruan genahe, ananging malah dadi marakke
kahanan ning desaku ora nyenyet. Kajaba yen wayah wengi lagi udan deres mesti
dadi ora ana cah tongkrong. Kadhang yen ana cewek utawa randha blanja menyang
warungku malah sok dibeda, nanging ya wong sik dibeda iku ora banjur nesu amarga
wis kadung ngerti kebiasaane cah-cah sik tongkrong. Ora langka uga omahku
banjur dadi markase bocah-bocah yen padha mendem.
Ing sawijining wengi, kaya biasane
bocah-bocah lagi padha tongkrong lan gegitaran ora nyangka ora ngira ana bocah
lanang mlaku glendhah-glendheh saka arah lor menyang warungku. “Ealah, mas Khamit
pulang kampung iki.” Ngono kuwi sambutane Agus bala kurawane bocah mau kui. Banjur
Khamit njawab “Haa ki, lagi wae nyampe omah.” Khamit iki asline bocah lairan
desaku, amarga bapak lan simboke lunga mrantau menyang Sumatra kana bocah kui
gelem ora gelem banjur melu wong tuane mrantau. Dhek mbiyen Khamit iki cedhak
banget karo Agus, kajaba sekolahe bareng mrono-mrene uga dolane bareng. Wis limang
tahun kepungkur Khamit sakluarga mrantau.
Sakbanjure Khamit melu lelungguhan utawa
tongkrong karo bocah-bocah mau. Ning kono dheke cerita menawa dheke mulih iku
amarga ning lemah Sumatra kana lagi
dioyak-oyak wong tuane pacare. “Lha knapa kowe nganti dioyak-oyak?” takone Agus
marang bocah kuwi.
“Pacarku jebul wis telat patang sasi.” Jawabe
Agus sinambi nyekeli sirahe. Jebulna Khamit kuwi mulih menyang lemah Jawa
amarga mlayu ngindhari saka kluarga pacare ing lemah sebrang kana. Wengi sansaya
peteng, banjur saka siji bocah-bocah sik tongkrong mau mruthuli bali menyang
omahe dhewe-dhewe. Uga warungku wus sepi banjur ditutup.
Dina sakbanjure Khamit lan Agus
tongkrong maneh ing warungku. Wengi iku Khamit nduweni gagasan “Gus mendem njo,
wis sui ora karo kowe.”Agus nyawut omongane bocah kui “Wah, ngejak reunian
mbiyen iki? Yo ayo siap!” Ora suwe bocah loro kui mangkat kulakkan. Amarga Khamit
lagi wae mulih kampung, sangune saka kana isih turah akeh. Bocah iku pengen
tuku omben-omben sik rada larang. Tekan nggone sik gawe kulakan kuwi, awak lagi
kurang beja apa nasibe ora apik malah ora ana omben-omben sik dikarepke. Kepeksa
tuku sik murah yaiku merk tiga huruf “ciu”.
Sakbalike kulakan omben-omben mau
digelar karo ngejak bocah-bocah sik padha tongkrong. Wedang mau banjur diombe
bareng-bareng nganti entek. Sakwise entek, kebeneran dina iku lagi ana acara
dangdutan ing desa sebelah bocah-bocah banjur menyang nonton dangdutan mau. Tekan
kana, langsung wae banjur padha jejogedan. Sik jejogedan rakaruhan genahe
amarga kena pengaruh “ciu” mau. Eladalah, bocah-bocah mau malah pada
jotos-jotosan dhewe. Acara dangdutan kapeksa banjur dibubarke karo panitia
amarga pada jotos-jotosan. Amarga Khamit paling parah mabuke, dheke digeret
karo panitia dikira sik dadi penyebabe dadi padha rusuh. Bocah-bocah sakelompok
marani Khamit terus dijak mulih. Ing kahanan kurang sadar, Khamit ngepit motor
mlakune ora karuhan genahe megas-megos kaya lakuning ula, wis ngono buantere
ora memper. Pancen lagi dina apese bocah kuwi, ning dalang bocah kuwi tabrakan
karo wong liya ya uga ngepit motor. Parah banget, nganti motore ajur mumur. Pas
iku Khamit boncengan Karo Agus, parah banget sirahe Khamit mili getih banjur
digawa ning rumah sakit. Agus uga sikil tengene tugel balunge. Durung nganti
tekan rumah sakit, Khamit wis ora ambegan. Iku tandhane Khamit wis ora ana
banjur diwenehke ning rumah sakit wae. Esuke Khamit digawa balik menyang omah
arep dikubur, Agus isih nginep ng rumah sakit. Parah banget Khamit, sirahe
pecah nganti-nganti pas uwis di buntel mori getihe isih mili wae.
Sesasi kepungkur kadadiyan iku kalakon, Agus wis
mulih saka rumah sakit anangin durung bisa mlaku tanpa teken. Kaya biasane
bocah-bocah padha tongkrong ngarep warungku isih padha ngomongke kadadeyan
tabrakan Khamit dhek sesasi kepungkur. Angin wengi iku atis banget, lagi
seneng-senenge omong-omongan kaya srengeng-srengeng suara Khamit melu guyon gegojekan.
Bocah-bocah banjur pada kaget kaya-kaya Khamit sik uwis mati melu ing
tongkrongan iku. Ora suwe banjur ambune getih sik mili saka sirahe Khamit uga
kaambu. Mrinding kabeh rasane awake wektu wengi iku. Banjur ora suwe
bocah-bocah sik ngrasake hawa mau bubar mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Ora kesuwen
langsung wae warungku tak tutup.
Wengi sakbanjure gilirane Agus sik
ditiliki arwahe Khamit, wengi kira-kira jam sepuluhan omahe Agus di
thuthuk-thuthuk lawang ngarep sajak kaya ana wong arep mertamu. Ora suwe banjur
lawange dibukak karo bapake Agus. Nganti metu ngomah nolah-noleh ngiwa-nengen
bapake Agus ora weruh wong banjur ditutup maneh lawange. Ngono kuwi kaulang
kaping telu. Sakwise kaping 3 banjur ambu getih semribit mlebu ng omahe Agus.
Bapake lan Agus banjur kaget kelingan yen iku ambune padha karo ambu getih sik
mili saka sirahe Khamit, langsung wae padha makprinding sakawak. Agus banjur
ngomong “Mit, yen kowe arep tilik mreneyo. Aku durung pulih iki, jare dokter
mengkone mlakune aku ora bisa jejeg maneh. Aku lan kanca-kanca wis lilo yen
kowe mulih dhisik. Muga-muga wae kowe tentrem ning alam kana.” Ora suwe ambune
banjur saya pudar.
Wiwit kadadeyan iku para bocah-bocah
percaya yen Khamit isih gentayangan. Dadi ana becike uga, wiwit kadadeyan iku bocah-bocah
wis padha saya susut olehe padha mendem. Lan uga yen mendem banjur ora dolanan
pit motor. Saya suwe saya ayem tentrem uripe ing desaku sanadyan ana generasi
peneruse sik isih pada mendem ananging ora parah banget.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar